Sunday, August 16, 2015

Yo Prakanca!

Halo Prakanca sedulur sedaya! Blog prakanca iki sakjane duwe kekarepan supaya isa dadi blog sing diremeni tansah kawula muda sing saben dina nganggo basa Jawa. Akeh banget perkara-perkara sing biasa diceluk "kekinian" kuwi malah gawe prakanca soyo arang migunakakke basa sing dipocapakke ket lahir, sakliyane basa Indonesia. Bakal nyebahi yen upama prakanca sing lahir lan gedhe ning daerah sing basa daerah e basa Jawa, tapi do ra iso omong Jawa merga wong tuwane mik ngajarke Basa Indonesia tok ket cilik. Para prakanca sing mbiyen sinau pelajaran Basa Jawa mungkin wis tahu krungu karo sing jenenge Majalah Panjebar Semangat. Yen pada penasaran karo isi majalah kuwi, tapi ora tau entuk majalah e, klik wae http://www.panjebarsemangat.co.id. Tapi, mungkin ana sing do ngerasa yen tampilan website kuwi wis ketuwek en. Mulakmen, lewat blog cilik iki mugi-mugi iso dadi panggon sing apik dinggo prakanca nulis ide-ide, utawa papan pasinaon kanggo ngejaga basa Jawa nganggo carane dewe-dewe. Cukup semene wae panggonku gawe tulisan sing kaping pisan iki. Mugi-mugi sakterus e ora mik aku sik gawe tulisan "kekinian" nganggo Basa Jawa, tapi sopo ngerti kowe yo duwe kepinginan?